Mbesuk yen wis ono kreto tanpa jaran (mobil), Tanah Jawa kalungan wesi (rel kereta api), Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang (pesawat), Kali ilang kedhunge, Pasar ilang kumandhang'e, Iku tondho yen tekane jaman Joyoboyo wis cedhak. Bumi soyo suwe soyo mengkeret, Sekilan bumi dipajeki, Jaran doyan mangan sambel, Wong wadon nganggo pakeyan lanang Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman. Akeh janji ora ditetepi, Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe, Menungso podho seneng nyalah, Ora ngendahake aturaning Gusti , Barang jahat diangkat-angkat, Barang suci dibenci, Akeh menungso mung ngutamakke dhuwit, Lali kamanungsan, Lali kabecikan, Lali sanak lali kadang. Kepingin urip mewah, Ngumbar nafsu angkoro murko, nggedhekake duroko, Wong bener thenger-thenger, Wong salah malah bungah, Wong apik ditampik-tampik, Wong jahat munggah pangkat Wong agung kasinggung, Wong olo kapujo, Wong wadon ilang kawirangane, Wong lanang ilang kaprawirane Akeh wong...